YouVersion Logo
Search Icon

LELAKONE PARA RASUL 11:17-18

LELAKONE PARA RASUL 11:17-18 JAV

Dados manawi Gusti Allah maringaken rahmatipun dhateng tiyang-tiyang wau sami kadosdene dhateng kula nalika kita wiwit pitados dhateng Gusti Yesus Kristus, kadospundi anggen kula saged nduwa dhateng Gusti Allah?” Bareng krungu kang mangkono iku, banjur padha nrima sarta padha ngluhurake Gusti Allah, pangucape: “Dadine Gusti Allah uga paring patobat marang bangsa-bangsa liya, kang dadi marganing urip.”