Bareng balowartine wus rampung, aku banjur masang lawang-lawange. Sawuse iku banjur ngangkat jaga-gapura, pasindhen lan para wong Lewi. Kawajiban ngawat-awati Yerusalem dakpasrahake marang sadulurku Hanani lan Hananya, panggedhening beteng, amarga Hananya iku wong kang kena dipracaya lan wedi marang Gusti Allah ngungkuli wong-wong liyane.