1
MATEUS 16:24
Kitab Sutji
Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabat: “Manawa ana wong kang arep ngetut-buri Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe sarta manggula salibe lan melua Aku.
Compare
Explore MATEUS 16:24
2
MATEUS 16:18
Lan Aku iya pitutur marang kowe: Kowe iku Petrus, sarta watu karang iki bakal dakanggo tetalesing pasamuwanKu, kang ora bakal dikuwasani dening pati.
Explore MATEUS 16:18
3
MATEUS 16:19
Kowe bakal dakpasrahi soroging Kraton Swarga. Apa kang koktaleni ana ing donya bakal katalenan ana ing swarga lan apa kang kokuculi ana ing donya, bakal kauculan ana ing swarga.”
Explore MATEUS 16:19
4
MATEUS 16:25
Amarga sing sapa kumudu-kudu nylametake nyawane, iku bakal kelangan nyawane, nanging kang kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nemu.
Explore MATEUS 16:25
5
MATEUS 16:26
Apa gunane oleh donya iki kabeh, yen kelangan nyawane? Lan apa kang bakal diaturake minangka ijole nyawane?
Explore MATEUS 16:26
6
MATEUS 16:15-16
Gusti Yesus banjur ndangu: “Nanging tumraping kowe, Aku iki sapa?” Atur wangsulane Simon Petrus: “Paduka punika Sang Kristus, Putranipun Allah ingkang gesang!”
Explore MATEUS 16:15-16
7
MATEUS 16:17
Pangandikane Gusti Yesus marang Petrus: “Rahayu kowe! Simon bin Yunus, amarga kang nglairake iku marang kowe dudu daging lan getih, nanging RamaKu kang ana ing swarga.
Explore MATEUS 16:17
Home
Bible
Plans
Videos