1
MATEUS 14:30-31
Kitab Sutji
Nanging bareng kena angin gedhe, banjur wedi, temahan wiwit ambles, tumuli mbengok: “Gusti, nyuwun tulung!” Gusti Yesus enggal-enggal mulung astane, nyepeng Petrus sarta ngandika: “Heh, wong kang cupet ing pangandel, yagene kok mangu-mangu?”
Compare
Explore MATEUS 14:30-31
2
MATEUS 14:30
Nanging bareng kena angin gedhe, banjur wedi, temahan wiwit ambles, tumuli mbengok: “Gusti, nyuwun tulung!”
Explore MATEUS 14:30
3
MATEUS 14:27
Nanging tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus: “Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!”
Explore MATEUS 14:27
4
MATEUS 14:28-29
Petrus banjur munjuk kalawan mbengok: “Gusti, manawi saestu Paduka, kawula kadhawuhana murugi Paduka kaliyan lumampah ing nginggil toya.” Dhawuhe Gusti Yesus: “Mrenea!” Petrus banjur mudhun saka ing prau, lumaku napak ing banyu, marani Gusti Yesus.
Explore MATEUS 14:28-29
5
MATEUS 14:33
Wong saisine prau padha sujud ana ing ngarsane lan matur: “Paduka punika saestu Putraning Allah.”
Explore MATEUS 14:33
6
MATEUS 14:16-17
Nanging Gusti Yesus ngandika: “Ora usah padha lunga, kowe bae padha menehana mangan.” Unjuke para sakabat: “Punika namung wonten roti gangsal kaliyan ulam loh kalih.”
Explore MATEUS 14:16-17
7
MATEUS 14:18-19
Dhawuhe Gusti Yesus: “Gawanen mrene, wenehna Aku.” Wong akeh mau banjur padha didhawuhi linggih ana ing pasuketan. Lan sawise nampani roti lima karo iwak loro mau, Gusti Yesus banjur tumenga marang ing langit ndedonga nyuwun berkah, tumuli rotine dicuwil-cuwil diparingake marang para sakabat, lan para sakabat kang ngedum marang wong akeh mau.
Explore MATEUS 14:18-19
8
MATEUS 14:20
Kabeh banjur padha mangan nganti wareg. Sawise mangkono cuwilan-cuwilan turahane diklumpukake dadi rolas wakul kebak
Explore MATEUS 14:20
Home
Bible
Plans
Videos