1
LUKAS 13:24
Kitab Sutji
Paring wangsulane Gusti Yesus marang wong-wong kang ana ing kono: “Padha mbudidayaa lumebu ing lawang kang ciyut! Sabab Aku pitutur marang kowe: Akeh wong kang ngudi lumebu, nanging ora bisa.
Compare
Explore LUKAS 13:24
2
LUKAS 13:11-12
Ing kono ana wong wadon kang kapanjingan dhemit wis wolulas taun, satemah banjur lara lan dadi wungkuk, ora bisa ngadeg jejeg. Bareng Gusti Yesus mirsa wong mau, banjur ditimbali sarta dipangandikani mangkene: “He, mbok, lelaramu wis mari.”
Explore LUKAS 13:11-12
3
LUKAS 13:13
Tumuli ditumpangi asta, lan sanalika iku uga wong wadon mau bisa ngadeg jejeg maneh lan banjur ngluhurake asmaning Allah.
Explore LUKAS 13:13
4
LUKAS 13:30
Lah ana pamburi kang bakal padha dadi pangarep, lan ana pangarep kang bakal padha dadi pamburi.”
Explore LUKAS 13:30
5
LUKAS 13:25
Manawa kang kagungan dalem wis jumeneng lan wis ngancing lawang, lan kowe wiwit ngadeg ana ing jaba ndhodhog lawang kalawan matur: Gusti, kawula nyuwun kori! Panjenengane bakal mangsuli mangkene: Aku ora ngreti, kowe iku saka ngendi.
Explore LUKAS 13:25
6
LUKAS 13:5
Aku pitutur marang kowe: Ora. Nanging manawa kowe kabeh padha ora mratobat, bakal tiwas kanthi patrap mangkono.”
Explore LUKAS 13:5
7
LUKAS 13:27
Nanging Panjenengane bakal ngandika marang kowe: Aku ora ngreti, kowe iku saka ing ngendi, padha sumingkira saka ing ngarepKu, heh wong kang padha gawe piala!
Explore LUKAS 13:27
8
LUKAS 13:18-19
Gusti Yesus banjur ngandika: “Kratone Allah iku upamane apa, lan kena Dakupamakake apa? Iku kena diupamakake wiji sawi, kang kajupuk lan kasebar dening wong ana ing pakebonane, banjur thukul lan dadi uwit, nganti manuk-manuk ing awang-awang padha nusuh ana ing pang-pange.”
Explore LUKAS 13:18-19
Home
Bible
Plans
Videos