1
YESAYA 60:1
Kitab Sutji
Ngadega dadia pepadhang, sabab padhangira teka, lan kamulyaning Sang Yehuwah mletheki sira.
Compare
Explore YESAYA 60:1
2
YESAYA 60:3
Para bangsa padha gumrudug marani pepadhangira, tuwin para raja padha nekani cahya kang mletheki sira.
Explore YESAYA 60:3
3
YESAYA 60:2
Awit lah pepeteng nglimputi bumi, tuwin palimengan nutupi bangsa-bangsa; nanging pepadhanging Pangeran Yehuwah mletheki sira, sarta kamulyane katingal mayungi sira.
Explore YESAYA 60:2
4
YESAYA 60:22
Kang cilik dhewe bakal dadi golongan kang gedhe, tuwin kang ringkih dhewe bakal dadi bangsa kang santosa; Ingsun, Yehuwah, bakal enggal nindakake iku ing wektu kang wus Suntemtokake.
Explore YESAYA 60:22
5
YESAYA 60:19
Srengenge ora bakal dadi kang aweh pepadhang maneh ing wayah awan tumrap sira lan cahyaning rembulan ora bakal aweh pepadhang maneh ing wayah bengi, nanging Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhang langgeng tumrap sira, sarta Gusti Allahira bakal dadi kaluhuranira.
Explore YESAYA 60:19
6
YESAYA 60:20
Sira bakal kadunungan srengenge kang ora tau surup lan rembulan kang ora angslup, amarga Pangeran Yehuwah bakal dadi pepadhang kang langgeng tumrap sira, tuwin dina-dinane anggonira nandhang susah bakal diuwisi.
Explore YESAYA 60:20
7
YESAYA 60:5
Ing nalika iku sira bakal eram ndeleng iku lan bungah banget sira bakal gumun lan bakal gedhe atinira, amarga lubering kasugihan ing sabranging sagara bakal ngalih marang sira, lan kasugihane para bangsa bakal nekani sira.
Explore YESAYA 60:5
8
YESAYA 60:4
Ndengengeka lan ndelenga sakubengira, wong kabeh padha nglumpuk marani sira; anak-anakira lanang padha teka saka ing adoh, dene anak-anakira wadon padha digendhong.
Explore YESAYA 60:4
9
YESAYA 60:21
Kabeh kang ngenggoni sira para wong bener, anggone padha nduweni nagara iku ing salawas-lawase; padha kaya cangkokan kang Suntanem piyambak kanggo ngatonake kaluhuraningSun.
Explore YESAYA 60:21
10
YESAYA 60:18
Ing nagaranira ora bakal ana maneh kabar bab tumindak kanthi kekerasan, bab karusakan utawa gempuran ing wewengkonira; sira bakal ngarani tembokira “Rahayu” lan gapura-gapuranira “Pangalembana”.
Explore YESAYA 60:18
11
YESAYA 60:11
Gapura-gapuranira bakal tansah menga rina lan wengi ora bakal kainebake, supaya wong bisa marakake kasugihane para bangsa marang sira, bebarengan karo para ratune kang padha digiring dadi tawanan
Explore YESAYA 60:11
12
YESAYA 60:6
Unta kang akeh cacahe bakal ngebaki wilayahira, unta-unta enom saka ing Midian lan Efa. Iku bakal padha teka saka ing Syeba, kalawan momot emas lan menyan, sarta martakake pakaryaning Sang Yehuwah kang misuwur.
Explore YESAYA 60:6
13
YESAYA 60:10
Para wong ngamanca bakal padha mbangun tembokira, tuwin para ratune bakal ngladeni sira; amarga sajroning bebenduningSun sira wus Sunrangket mung bae Ingsun wus kepareng paring sih-piwelas marang sira.
Explore YESAYA 60:10
14
YESAYA 60:15
Minangka gegentine kaananira biyen, nalika sira katinggal, disengiti lan ora ditekani ing wong siji-sijia, saiki sira bakal Sundadekake kaluhuran kang langgeng, dadi kabungahan turun-tumurun.
Explore YESAYA 60:15
15
YESAYA 60:16
Sira bakal nesep susuning para bangsa lan bakal ngombe susuning karajan-karajan; ing kono sira banjur bakal sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah, Pamartanira, lan Panebusira, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Yakub.
Explore YESAYA 60:16
Home
Bible
Plans
Videos