1
YESAYA 6:8
Kitab Sutji
Aku nuli krungu swaraning Pangeran kang ngandika: “Sapa kang bakal Sunutus, lan sapa kang gelem mangkat minangka utusaningSun?” Aku banjur munjuk: “Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!”
Compare
Explore YESAYA 6:8
2
YESAYA 6:3
Iku padha nguwuh sasauran, tembunge: “Suci, suci, suci Pangeran Yehuwah Gustining sarwa tumitah, saindenging bumi kebak ing kamulyane!”
Explore YESAYA 6:3
3
YESAYA 6:5
Aku nuli ngucap: “Bilai aku! Aku tiwas! Amarga aku iki wong kang alambe najis, sarta manggon ing satengahing bangsa kang najis lambene, nanging mripatku wus ndelengl Sang Prabu, yaiku Sang Yehuwah, Gustine sarwa tumitah.”
Explore YESAYA 6:5
4
YESAYA 6:1
Ing sajroning taun sedane Sang Prabu Uzia aku sumurup Pangeran lenggah ing dhampar kang dhuwur lan munggul, tuwin poncoting jubahe ngebeki Padaleman Suci.
Explore YESAYA 6:1
5
YESAYA 6:7
Mawa iku kasenggolake ing cangkemku kalawan pratela mangkene: “Delengen, lah iki wus nggepok lambemu, dadine kaluputanmu wus sirna lan dosamu wus kaapura.”
Explore YESAYA 6:7
6
YESAYA 6:2
Para Serafim padha ngadeg ngubengi Panjenengane, siji-sijine padha aswiwi nenem; swiwine loro kanggo nutupi raine, loro kanggo nutupi sikile lan loro kanggo mabur.
Explore YESAYA 6:2
7
YESAYA 6:6
Nanging para Serafim mau ana siji kang banjur mabur marani aku; tangane nyekel mawa, kang kajupuk nganggo sapit saka ing sahuwure misbyah.
Explore YESAYA 6:6
8
YESAYA 6:9
Sawuse mangkono Panjenengane ngandika: “Sira mangkata lan bangsa iki warahana mangkene: Rungokna kang temenan, nanging aja mangreti! Delengen kang temenan, nanging aja nyumurupi!
Explore YESAYA 6:9
9
YESAYA 6:10
Atine bangsa iki gawenen ndableg lan kupinge sira dadekna jampeng sarta mripate gawenen merem kraket, supaya aja padha bisa ndeleng kalawan mripate lan krungu kalawan kupinge tuwin mangreteni kalawan atine, satemah banjur mratobat lan dadi waras.”
Explore YESAYA 6:10
Home
Bible
Plans
Videos