lan para suku bangsa akeh kang bakal padha budhalan kalawan ngucap mangkene:
“Ayo, kita padha munggah ing gununge Sang Yehuwah,
menyang ing padalemane Allahe Rama Yakub,
supaya Panjenengane paring piwulang marang kita bab margi-margine
lan supaya kita padha lumaku ing kono;
amarga saka ing Sion bakal kaparingake piwulang
lan pangandikane Sang Yehuwah saka ing Yerusalem.”