Sang Prabu Pringon banjur ngandika marang Sang Yusuf: “Bapakira lan sadulurira padha nekani sira, tanah Mesir iki ngeblag tumrap sira. Bapakira lan sadulurira tuduhana panggonan kang becik dhewe, kareben padha manggon ana ing tanah Gosyen. Dene manawa sira weruh ing saantarane panunggalanira ana kang trengginas, padha sira dadekna pemimpin pangoning raja-kaya kagunganingsun.”