1
PURWANING DUMADI 45:5
Kitab Sutji
Nanging saiki aja padha susah lan aja nggrantes, awit saka anggonmu wus ngedol aku mrene, awit Gusti Allah kang ngutus aku ndhisiki kowe supaya mitulungi urip.
Compare
Explore PURWANING DUMADI 45:5
2
PURWANING DUMADI 45:8
Dadine dudu kowe kang akon aku mrene, nanging Gusti Allah, Iya Panjenengane kang mrenahake aku dadi ramane Sang Prabu Pringon, lan mengku sakedhaton kabeh apadene nguwasani tanah Mesir kabeh.
Explore PURWANING DUMADI 45:8
3
PURWANING DUMADI 45:7
Mulane Gusti Allah ngutus aku ndhisiki kowe, supaya turunmu bisa lestari ana ing bumi iki lan supaya kowe kapitulungana urip, satemah panunggalanmu sabagean gedhe bisa kapitulungan.
Explore PURWANING DUMADI 45:7
4
PURWANING DUMADI 45:4
Sang Yusuf tumuli ngandika maneh marang para sadhereke: “Padha majua ta, nyedhaka mrene!” Tumuli padha maju. Sarta dipangandikani maneh: “Aku iki Yusuf adhimu, kang padha kok edol menyang tanah Mesir.
Explore PURWANING DUMADI 45:4
5
PURWANING DUMADI 45:6
Sabab nagara kene iki anggone katempuh ing pailan wus rong taun, mangka bakale isih limang taun engkas ora ana wong mluku utawa panen.
Explore PURWANING DUMADI 45:6
6
PURWANING DUMADI 45:3
Pangandikane Sang Yusuf marang para sadhereke: “Aku iki Yusuf, bapak apa isih sugeng?” Nanging para sadhereke padha ora bisa ngaturake wangsulan, marga saka wedi lan geter ana ing ngarsane.
Explore PURWANING DUMADI 45:3
Home
Bible
Plans
Videos