Bareng wis sawatara mangsa, garwane bendarane mirsani Yusuf kalawan kagungan sir, sarta ngandika: “Ayo, turua karo aku!” Nanging Yusuf ora gelem lan matur marang bendarane putri: “Sapunika bendara kawula boten prelu ngatur punapa ingkang wonten ing salebeting dalem punika malih, sarta sadaya kagunganipun sampun dipun pasrahaken ing tangan kawula, malah ing salebeting dalem punika boten wonten ingkang boten dipun pasrahaken dhateng kawula, kajawi namung panjenengan dalem; margi panjenengan dalem punika garwanipun. Ingkang punika kados pundi anggen kawula badhe nglampahi piawon ageng makaten saha damel dosa dhateng Gusti Allah?”