Ing nalika iku kamulyaning Allahe Israel wus mumbul saka ing kerub papane sakawit, minggah ing tlundhaging lawange Padaleman Suci. Pangeran banjur nimbali wong kang manganggo mori lan nggawa piranti nulis ana ing lambunge, sarta kapangandikanan mangkene: “Sira lumakua saka ing satengahing kutha, yaiku Yerusalem lan nulisa aksara T ing bathuke wong-wong kang padha sesambat marga saka sakehing panggawe nistha kang katindakake ana ing kono.”