1
YEHESKIEL 12:28
Kitab Sutji
Mulane sira pratelaa marang wong-wong mau: Pangandikane Pangeran Yehuwah mangkene: Ora ana pangandikaningSun siji bae kang bakal kaundur-undur. Apa kang Sunpangandikakake bakal kelakon. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
Compare
Explore YEHESKIEL 12:28
2
YEHESKIEL 12:25
Amarga Ingsun, Yehuwah bakal ngandika lan apa kang Sunpangandikakake bakal kelakon, lan pangandika iku ora bakal kaundur-undur maneh awit sajrone sira isih padha urip, he jinis kang wangkot, Ingsun bakal nglairake pangandika kang bakal Suntetepi. Mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.”
Explore YEHESKIEL 12:25
3
YEHESKIEL 12:2
“He, anaking manungsa, sira iku manggon ana ing satengahing golongan kang mbalela kang ana mripate kanggo ndeleng, nanging ora ndeleng lan ana kupinge kanggo ngrungokake, nanging ora krungu, amarga iku golongan kang mbalela.
Explore YEHESKIEL 12:2
Home
Bible
Plans
Videos