Sang Mordekhai banjur nyerat gancaring lelakon iku lan dikirimake sarana layang iber-iber marang sakehing wong Yahudi kang ana ing dhaerah wewengkone Sang Prabu Ahasyweros, dadia kang adoh dadia kang cedhak, padha diwajibake mengeti tanggal ping patbelas lan ping limalas ing sasi Adar pendhak taun, amarga ing dina iku wong Yahudi padha luwar saka ing tanganing mungsuhe, lan iya ing sasi iku anggone kasusahan malih dadi kabungahan, tuwin dina tangisan dadi dina gambira; dina iku kadadekake dina pahargyan lan kasenengan lan dadi dina kirim-kiriman pangan sarta dina dedana marang wong miskin.