Ing bengi iku uga Sang Prabu ora bisa sare. Sang Prabu banjur dhawuh mundhut layang pengetan sejarah, tumuli kawaca ana ing ngarsane Sang Prabu. Ing kono tinemu ana pengetan bab Pak Mordekhai kang nglapurake prakara abdine Sang Prabu loro, panunggalane abdi jagapura, kang jeneng Bigtan lan Teresy, padha ngarah arep nyedani Sang Prabu Ahasyweros